ifa

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.
JKL

Sabtu, 03 November 2012

KETOPRAK "RAPAT KARTINIAN"

  
KETOPRAK ”RAPAT KARTINIAN


PEMAIN:
ARIN
BASUKI
DINA
HARIYO
SORAYA
PAK LURAH
PAK CARIK


Arin:        Konco - konco liyane arep mrene jam piro yo? kok wis jam papat durung lengkap?
------
Basuki:     wis ngabari konco - konco nak ngumpul ning kene jam telu lho. Mbuh ki kok podo durung tekan.
------
(ora suwe Dina, Hariyo, lan Soraya teko)
------
Arin:        piye lah kok jam semene lagi podo teko. Selak  acarane dimulai lho.
------
Dina:        ngapurane yo Rin...aku ono pelajaran  sing ora terjadwal. Dadine aku bali sekolah rodo telat
------
Basuki:     wis ah, sing penting wis podo kumpul. ayo mangkat.
(Arin, Basuki, Dina, Hariyo, lan Soraya mangkat nyang bale deso. tekan Bale deso, acara rapat wis dimulai)
------
Pak Lurah:       we lha dhalah..kok lagi podo kethok ki piye. Rapat wis dimulai sejaman lho
------
Basuki:     nyuwunsewu Pak Lurah, telat amargi nenggo rencang - rencang kempal
------
PAK LURAH:    yo wis ora opo - opo. kono ndang lungguh
------
PAK CARIK:     Saged dipun lanjutaken pak?
------
PAK LURAH:    nggih monggo
------
PAK CARIK:     amargi adik - adik karang taruna sampun dugi, monggo kito lanjutaken malih ngrembak acara kartinian ingkang badhe dipun laksanaaken sasi ngajeng ngajeng.
PAK CARIK:     acara ingkang badhe dipun laksanaaken: pasar mirah, bhakti sosial, lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak - bapak lan lomba masang sanggul.
PAK CARIK:     kagem acara pasar mirah lan bhakti sosial, sedoyo dados tanggung jawabipun adik - adik karang taruna. Lan kagem acara lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak - bapak, lan lomba masang sanggul, sedoyo dados tanggung jawabipun ibu - ibu PKK Dusun. Monggo ingkang badhe usul.
------
Arin:        menawi kagem pasar mirah, mangkih ingkang dipun sade namung bahan kebutuhan pokok?
------
PAK CARIK:     Bahan kebutuhan pokok lan sandangan ingkang pantes dipun agem
PAK CARIK:     Monggo kagem adik - adik karang taruna lan ibu-ibu PKK dusun enggal - enggal nyusun proposal lan dipun ajukaken dateng Pak Lurah kangge keperluan anggaran.
PAK CARIK:     Minggu ngajeng proposal kedah sampun dados lan sampun dipun setujuni kaliyan Pak Lurah.
PAK CARIK:     kulo kinten cekap semanten rapat dinten niki, minggu ngajeng kito sedoyo kempal malih kangge mbahas acara ingkang luwih rinci. 
PAK CARIK:     maturnuwun rawuhipun lan wassalamu'alaikumsalam wr wb


separador

0 komentar:

Posting Komentar

translite

visitors

Categories

Followers